Archive for Agustus 2019
Bulan kie tanggal 10 Agustus 2019 dewek umat muslim memperingati Idul Adha. Pas kue nyg tangi jam 3 esuk nggo siap-siap Sholat Idul Adha. Nyg sekeluarga Sholat Idul Adha nang Masjid Agung Tegal.
Sawise sholat nyg sekeluarga nonton penyembelihan hewan kurban nang masjid pereke rs mitra siaga. Nang kana sapine ana sing nangis sedurunge di potong lan ana sing ngamuk. Tapi proses penyembelihan berjalan dengan lancar. Nyg nangkana ora cuman nyembelih tapi mbantu ngresiki daging-daging sapi lan kambing. Bar kue nyg balik olih daging kurban akeh nemen.
Pas anjog umah daging mau tak gawe sate bareng sekeluarga. Nyg sing bagian nyiapna areng endah murub karo sing mbakar satene. Ibune nyiapna bumbune sing nggo sate karo nyunduki satene. Mas e nyg cuman mangan tok ora mbantuni malah mabar ff. Bar nyate ibune nyg nggawe rendang nggo mangan sore. Bar mangan sore nyg dolan ff anjog bengi. Bar dolan ff turu jang.
Tanggal 11 Agustus 2019 nang SMPN 2 TEGAL ana penyembelehan hewan kurban. Nang sekolah bar tadarus langsung dilaksanakan penyembelehan wedhus. Bar nyembeleh wedhus telu langsung dilaksanakan penyembelehan sapine. Sak durunge disembelih nyg, auffa, elfas, akfi, lan feri mabar ml nang pereke anggonan sapi. Pas pan disembelih dewek kaget sapine ucul lan ngamuk hampir nyeruduk bocah kelas 7. Terus dewek defeat dolan ml gara-gara mbantuni nibakna sapine soale sapine esih ngamuk. Bar kue akhire sapine disembelih. Bocah-bocah rokhis pada mbantu ngresiki daging-daginge. Bar kue daging sing wis diresiki lan dikreseki kue dibagi bagi maring warga sekitar SMPN 2 TEGAL.
Pas balik nyg mbantu mbalekna banner bekas daging-daging kurban.