Terdapat sebuah kerajaan di jalan Sakura. Kerajaan tersebut dipimpin oleh raja Piresabil Panji Wisnurafi. Panji adalah anak dari Wisnu dan Susi. Mereka adalah satu keluarga kerajaan Sakura Empire. Dahulu Sakura Empire dipimpin oleh raja Wisnu Safari.

Sakura Empire

Assalamualaikum Wr.Wb

Wingi awal wulan Oktober sekolahku ngadakna kemah massal. Tempate ning lapangan cacaban. Aku lan reguku nyiapke alat regu sehari sebelum berangkat.


Pas dinane mangkat aku mangkat ring sekolah. Kumpul nang sekolah ndisit massal SMPN 2 TEGAL. Sawise bincang-bincang langsung dibacakna per regu nomor truk e pira. Bar kue langsung mangkat maring cacaban.


Sawise anjog cacaban nyg karo kanca-kanca langsung tuku es nang waruk ngelak nemen. Bar kue pengambilan tenda nang tenda pmr. Bar njukut tenda nyg seregu langsung ndirikna tendane. Kelas 9 kan ora di kongkon gawa pasak akhire kabeh regu kelas 9 nyolong pasak nang bocah kelas 7 dan 8. Rampung ndirikna tenda jam 12 awan. Bar kue sholat dhuhur berjamaah nang mushola nduwur.








Perkemahan Massal SMP N 2 TEGAL

Assalamualaikum Wr.Wb


Bulan wingi aku sekelas ngadepi PTS. Dina pertama ana sing uwis mbesel. Sing mbesel yaiku mas Piresabil Panji Wistyorafi. Mas panji mbesel atik hp ruangan 8. Hpne merek OPPO A1K warna abang. 


Ning kono mas panji mbesel pas pelajaran pkn. Gerak gerike mas panji hebat nemen. Nganti ora ketawan pengawase. Nanging mas panji ketawan konco-koncone.


Anehe pas pembagian nilai pkn mas panji nilainya dibawah kkm. Terus ngapakna wingi pas mas panji mbesel. Mas panji mbesel pelajarane rumus mat padahal dina kue pkn.


Sekian ndisit blog hal lucu tentang PTS wingi semoga kalian terhibur dan sampai berjumpa di lain kesempatan see yaaa.


Wassalamualaikum Wr.Wb







Kegiatan PTS

Bulan kie tanggal 10 Agustus 2019 dewek umat muslim memperingati Idul Adha. Pas kue nyg tangi jam 3 esuk nggo siap-siap Sholat Idul Adha. Nyg sekeluarga Sholat Idul Adha nang Masjid Agung Tegal. 

Sawise sholat nyg sekeluarga nonton penyembelihan hewan kurban nang masjid pereke rs mitra siaga. Nang kana sapine ana sing nangis sedurunge di potong lan ana sing ngamuk. Tapi proses penyembelihan berjalan dengan lancar. Nyg nangkana ora cuman nyembelih tapi mbantu ngresiki daging-daging sapi lan kambing. Bar kue nyg balik olih daging kurban akeh nemen.

Pas anjog umah daging mau tak gawe sate bareng sekeluarga. Nyg sing bagian nyiapna areng endah murub karo sing mbakar satene. Ibune nyiapna bumbune sing nggo sate karo nyunduki satene. Mas e nyg cuman mangan tok ora mbantuni malah mabar ff. Bar nyate ibune nyg nggawe rendang nggo mangan sore. Bar mangan sore nyg dolan ff anjog bengi. Bar dolan ff turu jang.

Tanggal 11 Agustus 2019 nang SMPN 2 TEGAL ana penyembelehan hewan kurban. Nang sekolah bar tadarus langsung dilaksanakan penyembelehan wedhus. Bar nyembeleh wedhus telu langsung dilaksanakan penyembelehan sapine. Sak durunge disembelih nyg, auffa, elfas, akfi, lan feri mabar ml nang pereke anggonan sapi. Pas pan disembelih dewek kaget sapine ucul lan ngamuk hampir nyeruduk bocah kelas 7. Terus dewek defeat dolan ml gara-gara mbantuni nibakna sapine soale sapine esih ngamuk. Bar kue akhire sapine disembelih. Bocah-bocah rokhis pada mbantu ngresiki daging-daginge. Bar kue daging sing wis diresiki lan dikreseki kue dibagi bagi maring warga sekitar SMPN 2 TEGAL. 

Pas balik nyg mbantu mbalekna banner bekas daging-daging kurban.




Kegiatan IDUL ADHA

Preinan wingi nyong sekeluarga lunga maring Magelang. Nyong sekeluarga maring magelang numpak mobil. Sedurunge langsung maring magelang nyong sekeluarga mampir saudara sing nang Kendal. Saudara sing nang kendal arep melu kondangan nang Magelang.

Bar kuwe nyong sekeluarga karo saudarane mangkat bareng maring saudara sing ana nang Semarang.Anjog umahe saudarane nyong sing ana nang semarang nyong sekeluarga medang ndisit. Bar medang langsung mangkat maning maring Magelang.

Nyong sekeluarga besar anjog Magelang jam 11 bengi. Bar anjog Magelang nyong sekeluarga besar langsung nginep nang hotel.

Esuke nyong sekeluarga siap-siap lan paesan. Bar paesan langsung maring tempat kondangane. Lokasine nang pereke Akademi Militer sing nang Magelang. Nang kondangan kue nyong sekeluarga besar foto bareng karo pengantene. Bar foto langsung mangan-mangan panganan sing ana nang kono. Pas lagi mangan ana pertujukan Pedang Pora. Acara kondangan anjog sore pas sore langsung balik maring hotel. Nang hotel nyg nginep sebengi maning.

Esuke nyong sekeluarga besar mangan Kupat Tahu sing nang pereke Alun-Alun Magelang. Bar mangan nyong sekeluarga besar balik maring Kendal ndisit.

Nang Kendal nyg akhire nginep sebengi nang umah saudarane gara-gara saudarane nyg ngongkon balike ngesuk bae. Pas esuke nyg dijak mlaku-mlaku sit muter-muter Kota Kendal. Sawise mlaku-mlaku nyong sekeluarga balik maring Tegal.




Semene ndisit kegiatane nyg nang bulan Juli. Makasih nek wis maca. Lanjutan postingan ditunggu yak iki wis bulan Agustus.
@focusjrs
#AURAWIN
#focusWIN



Preinan unggah-unggahan

- Copyright © Lemuuud Asli Tegal - Blogger Templates - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -