Rabu, 31 Juli 2019

Preinan wingi nyong sekeluarga lunga maring Magelang. Nyong sekeluarga maring magelang numpak mobil. Sedurunge langsung maring magelang nyong sekeluarga mampir saudara sing nang Kendal. Saudara sing nang kendal arep melu kondangan nang Magelang.

Bar kuwe nyong sekeluarga karo saudarane mangkat bareng maring saudara sing ana nang Semarang.Anjog umahe saudarane nyong sing ana nang semarang nyong sekeluarga medang ndisit. Bar medang langsung mangkat maning maring Magelang.

Nyong sekeluarga besar anjog Magelang jam 11 bengi. Bar anjog Magelang nyong sekeluarga besar langsung nginep nang hotel.

Esuke nyong sekeluarga siap-siap lan paesan. Bar paesan langsung maring tempat kondangane. Lokasine nang pereke Akademi Militer sing nang Magelang. Nang kondangan kue nyong sekeluarga besar foto bareng karo pengantene. Bar foto langsung mangan-mangan panganan sing ana nang kono. Pas lagi mangan ana pertujukan Pedang Pora. Acara kondangan anjog sore pas sore langsung balik maring hotel. Nang hotel nyg nginep sebengi maning.

Esuke nyong sekeluarga besar mangan Kupat Tahu sing nang pereke Alun-Alun Magelang. Bar mangan nyong sekeluarga besar balik maring Kendal ndisit.

Nang Kendal nyg akhire nginep sebengi nang umah saudarane gara-gara saudarane nyg ngongkon balike ngesuk bae. Pas esuke nyg dijak mlaku-mlaku sit muter-muter Kota Kendal. Sawise mlaku-mlaku nyong sekeluarga balik maring Tegal.




Semene ndisit kegiatane nyg nang bulan Juli. Makasih nek wis maca. Lanjutan postingan ditunggu yak iki wis bulan Agustus.
@focusjrs
#AURAWIN
#focusWIN



Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Lemuuud Asli Tegal - Blogger Templates - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -